Muhammad Wong Jawa Deles
Aku : Heh… Akhir iki, lek tak sawang-sawang, akeh informasi sing ora jelas,, malah terkadang, informasine iku cenderung menyesatkan… Diriku : Yo lek wes ngerti koyok ngono iku kahanane, yo wis ora usah diwoco,, Moco sing liyane ae… wacanan sing nggenah-nggenah,, Aku : Tapi ngono iku lek dijar-jarno iso mengganggu Stabilitas Nasional loh… Diriku : Iyo… iyo….. ngerti, tapi Stabilitas Nasional iku uduk kewajibane wong koyok awak e iki,, sing duwe kewajiban lan kebijakan lak yo sing gaweane merintah iko ta? Aku : Iyo sih… Awake dewe iki ora duwe kuoso ngatur-ngatur, ngandan-ngandani… Lha tapi sing dibayar...