Akun Facebook Baru untuk Calon Anakku

dan kedua makhluk ini pun kembali lagi "eyel-eyelan"...
entah, apa sebenarnya yang mereka permasalahkan,,
kadang-kadang sesuatu "remeh" dan tidak perlu diperdebatkan, bisa memicu konflik diantara mereka.....

Diriku : eh... aku kepingin nggawe akun Facebook anyar...
Aku    : heh??? lha digawe opo? ngopeni akun siji ae kewalahan ngono kok...
Diriku : hehehe... ora gawe aku, gawe calon anakku...
Aku    : Wuahahahahahahaha..... jiampuuuuuttt... jiampuuutt... ancene gwendheng...
            duh mbuh kah... yok opo yo... awakmu iku mari ngombe opo sih?

            kok mabuk e ngalah-ngalahi wong   gendheng?
Diriku : ora ngombe opo-opo i... lha emang e kenopo? salah???
Aku    : heh!... rungokno... awakmu iku lho...
            wong atasane rabi ae durung... kok aneh-aneh sing kate mbok lakoni.....
Diriku : lha opo ora oleh? durung rabi terus nggawekno Akun FB gawe bakal anak e?
            lha opo sing dadi admin e Facebook ki awakmu???
Aku    : yo guduk yoan...
           Tapi ora umum.....
Diriku : yo lek umum iku berarti mainstream, saiki mainstream iku ora usum...
Aku    : iyo... sing usum mainstrum... keslomot listrik lak kapok i.....
            maksudku i ora ngono... yo ora sadermo mainstream opo ora mainstream...
            yo sing penak iku urut-urutane mbok penuhi disik; rabi, terus bojomu meteng,
            terus duwe anak,, lha... baru nggawe Akun FB...
            bah koen kate nggawe Akun telu, papat... sak karep...
Diriku : lha iku kan wujud cintaku kepada calon anakku... sedini mungkin wis diperhatikan
            karo calon wong tuwane...
Aku    : duh kelincipen cucukmu... ngomong cinta barang...
            lha calon ibuk e anakmu yok opo??? opo wis ono?
Diriku : yo durung...
Aku    : wahahahaha... jan remeeekkk... remeeekk...
           hehehe wong awakmu selama iki wis nembak cewek 3, sing nolak 5...
           lak saking wis kebacut a...
Diriku : lha mosok salahku? salah e cewek-cewek iku kurang telaten lek nyawang aq...
Aku    : iyo... kok gelem telaten nyawang awakmu... mutah-mutah, langsung mlebu UGD
Diriku : hehehe
Aku    : wooo... mringis...
Diriku : karepku i ngene lo... simpel kok... FB kan media sosial, media kekancan,
           lan ugo media silaturahim... mergo suk mben wis ora usum maneh silaturahim
           manual, medayoh... wis gak usum... usum e silaturahim virtual ngono iku...
           lak simpel a kepinginanku?
Aku    : kepinginanmu sih ancen simpel, tp awakmu dewe sempel...
           yo terus opo iso ngono... duh mikirmu ilo nang ndi sh...
           opo awakmu kate nggawe anak sing virtual pisan???
           kabeh sing virtual, iku mesti ono manual e.....
Diriku : mosok?
Aku    : dikandani koq bosak bosok ae.....
           iku... HPmu onok sing gawe kirim surat/pesen, game dll iku lak virtual,,
           coro gampang e, ilmu-ilmu teko negoro jin sing dirupakno
           nang negoro ne menungso... iku mst ono manual e, ono panduan e,
           cara mengoperasaikan bagaimana? nek ono sing error yok opo? dll iku ono kabeh
Diriku : iyo juga sih...
           tp ngene...
Aku    : halah... iki mesti... lek dikandani lak kakean tapi...
Diriku : ngene lo...
           ono anane manual iku soko ngendi? lek HP sing di gawe conto,,
           cara ngetik pesen, cara ngisi batrei dll
           lak kudu ono/teko virtual e disik kan???
           wong ndik pabrik e iku njajali kabeh, di pithet i... terus ditulis,
           ooo... iki gawe nulis, carane ngene, gawe telpon carane ngene... dll yo kan?
Aku    : kok malih aku sing salah yo???
           wes ngene ae lo penak-penak an...
           awakmu lak kate nggawekno Akun FB gawe anakmu kan?
Diriku : iyo...
Aku    : anakmu saiki kongkon mrene, tak kongkon e tuku rokok nang warung sebelah...
Diriku : anak sing ndi?
Aku    : gak onok kan? mergo opo??? mergo ibuk e yo gak ono... hehehehe
            lha opo o ibuk e gak ono? mergo awakmu mbidheg ae ng kene...
            repot karepe dewe uthag-utheg ilmu soko negoro jin... ngono lo Wak Dul...
Diriku : emmmm...
           ...anane ono mergo ono anane...
           ...anane ono mergo ono anane...
           ...anane ono mergo ono anane...
Aku    : halah kesuwen...
Diriku : "calon anakku..... ngapuranen calon bapakmu iki...
           mergo arep mblenjani teguhing janji nggawekne kowe Akun FB...
           pinujuku mung bungahing atimu nak... nduwe konco, nambah paseduluran...
           mugi-mugi gusti pengeran kang akaryo jagad nora nyebdakne bilahi
           marang calon bapakmu iki.....
           pancen abot nyuwargakne anak, ning koyok e luwih abot nyuwargakne calon anak"
Aku    : kakean mikir i... kyk jarene arek saiki ae lo...
           "dipikir karo menek klopo ae"
           hahahaha... hahahaha... hahaha...
Diriku : ooo... wong bento...
           mikir i karo utek... msk karo menek klopo...


ipungsweettenan@25012014


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN