MUNGGAH KAJI


Munggah kaji ki salah sijining syareat agomo islam kang kaping limo, munggah kaji utowo tindak kaji ki mung siji panggene, yoiku ning tanah suci mekah….. tanah suci mekah kono i ancen daerah panas [saiki], ning biyen….. jare ne ono kabar… ning kono ndisik i yo subur, akeh wit-witan, tanduran lan sak liyo liyane…

Suwene suwe… ning tanah suci mekah kono… dadi panas, gersang utowo tandus…..
Kenopo munggah kaji ki diseleh ning mekah??? Aq dewe yo nora ngerti… ming jarene kabar kawusono, ning kono kan ws ono baitullah sing dibangun nabi Ibrahim karo anak e… nah kiblat e malih di pusatno ning kono… “dadi siji ben ringkes…”
Munggah kaji ki syareat bagi kahanan sing mampu… mampu dunyo, kesehatan lan liyo liyane,,
jaman biyen…  munggah kaji ki pirang-pirangane dino, bahkan pirang-pirnagane wulan…
amergo…. tumpa’ane jih durung akeh… sing ono… numpak prau gedhe… bareng-bareng lan desel-deselan…..
tur ngono iku nora nyiutake semangat munggah kaji…..

saiki munggah kaji ki luwih gampang, gampang transportasine, gampang nginep e lan gampang kedluduk atine…..
munggah kaji ancen wus serba gampang, terutama gawe kahanan sing duwe dunyo akeh… saiki munggah kaji koyo’ e wus ora pathi ono nikmate cidek ning gusti… munggah kaji mergo “dalam rangka”, ono sing dalam rangka gengsi, ono sing dalam rangka “kapok lombok” amergo mari ketemon korupsi, ono sing mrono mergo klenceran utowo plesir…..

berita sing anyar-anyar malah nggegirisi, berita koran sabtu tgl 3 nopember 2012 i… munggah kaji 150 sampe 200 juta hotel e paling adoh 300m… tunggangane limousine…..

ki munggah kaji po kate lapo sih???
  
Saiki mekah ning cedek kakbah kono wus akeh bangunan-bangunan “saingan” kakbah… bangunan iku ketok e ancen sengojo di gawe nylimurno atine jamaah kaji… ben ning kakbah i mung gawe ceremonial, gawe cek ngerti ae… “oooo…. Iki a sing jeneng e kakbah….” Iku tok ws…
ancen  sing golongane “penylimur-penyilmur” iku pinter akal e… onoooooo’ ae sing dilakoni…..
Sing gawe mbalang jumroh [tugu simbul setan], saiki diganti tembok biasa…

Munggah kaji saiki ki ancen luweh gampang, luwih kepenak…. Ning koyo’ e luwih angel mabrur e…..
Munggah kaji tp ning sekeliling e akeh braolo-braolo, akeh latta anyaran, akeh uzza anyaran…..

ws koyo’ e mundhak taun mundhak akeh sing owah… sedelo ngkas, koyo’ e tumeko nabi/rosul anyar, kiblat anyar, mbuh sopo, mbuh ning ndi…
weeeeeehhhhhhh……. sing waspodo ae….
  
Monggo sing rencana budhal munggah kaji…




ipung sweetenan,
04 November 2012

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN