Cemlorot Tekan Kulon

Kali ini, kiranya ada apa gerangan dengan mereka berdua…
Selalu saja mereka itu beradu pendapat, beradu kemungkinan kebenaran,,
sebenarnya itu semua hanyalah kemungkinan-kemungkinan yang hanya besifat kemungkinan belaka,,
hehehe… geli juga melihat mereka itu, tiada pernah lelahnya eker-ekeran setiap hari,, kok bisa ya…..

Diriku    : eh… dino iki maeng, aku ndelok cemlorot e sinar… awakmu lak yo ndelok kan?
               Menurutmu yok  opo?
Aku       : asaib ae…
Diriku    : heh?
Aku       : biasa ae…
Diriku    : oalah… lhoh… tapi kok iso biasa ilo…
               mosok cemlorot koyok ngono koen anggep biasa sih?
               Lek menurutku, iku mau pratondo…..
Aku       : iku lak menurutmu,
               bah pratondo… bah prawoto… bah poro tamtomo… ora urus !!!
Diriku    : lhah… awakmu iku mesti pesimis disik opo… kabeh iku kudu dihayati rek…
               sopo ngerti ancene pratondo temenan… lho ya… yok opo?
Aku       : padane puisi ae dihayati barang…
               iyo lek pratondo??? lek e dudu’??? mrongoso dewe kono…
Diriku    : hehehehe iyo sih…
               Tapi kan sopo ngerti…
Aku       : lha iyo sopo sing ngerti???
Diriku    : ngkok disik talah…..
               Sopo ngerti… wong kabeh yo podo ora ngertine, lak ngono a…
               jare wong-wong, lek awak dewe gak jemput bola, yo gak bakal entuk bal rek…
Aku       : hehehe tembung jare… lir pamane ngono ta?
               yo iku pek en, asu nglilir akeh tumane…..
               Ngene lho... awak dewe ki kok bingung kate ngrebut bal…
               ojok keduwuren pikir nganti sak mono…..
               mikir cendhek-cendhek an ae disik, awak e iki melok TIM  opo ora…???
               Lha lek e gak melok TIM, lha opo yo iso ngrebut bal???
              ojok maneh ngrebut bal… nyekel bal ae yo ora mungkin….. ngono lo…..
Diriku   : yo bener juga sih… tapi kan…..
Aku      : awak mu iku lak mesti kakean tapi…..
Diriku   : ngene lo….. tapi….. aku jik durung ngerti maksudmu…..
Aku      : hadah… arek iki rek… ketoro… sekolahmu biyen mbayar pijet a…???
Diriku   : ora yo… aku mbayar duwik monopoli….. hehehe
Aku      : makane lek dikandani gak nyanthol-nyanthol…
              Ngenelo… yok opo yo carane nerangno nang wong sing gak pathi pinter iki…..
              Ahhh… ngene…..
              Sak umpamane… ki sak umpamane yo…..
              Alam ndunyo iki… diciptakno kanggone hamba-hambane kabeh tanpa kecuali,
              atau kejobo…..
              aku karo awakmu….. terus, nalikane wis entek e jaman…
              wayah e absensi pembagian kapling, surgo… opo neroko…
              kan kabeh diceluk i siji-siji… kuwaaabeeeehhh tanpa terkecuali…
              kejoboooo…. awakku, karo awakmu…..
Diriku   : lha… tapi kan awak e dewe….. kan ono ndek kono…..???
Aku      : lha makane iku….. permasalahane awak e iki DIJAK? opo ORA DIJAK?
Diriku   : lha terus opo gunane awak e dewe ki ndek kono… lek jan-jane ora dijak…..???
Aku      : lho yo sak karep e official manager e ta…???
              kate milih sopo sing dijak? singgak dijak sopo? lak sak karep e ta….???
Diriku   : aku kok koyok e tambah bingung yo…..???
              Tapi omonganmu sak mono ombo ne iku maeng kok koyok e gak nyambung karo
              cemlorot sing tak omongno ngarepan maeng yo???
Aku      : ooooo… dasar geblek… bento… lek ora enthos dipek dewe ki yo ngene iki…..
              Sak mono dawane aku ngomong iku… ngejak awakmu cek e ojok  
              gedhe rumangso….. kegehedhen rumangsan.....
              mergo wong kegedhen rumangsan iku ora apik…..
              lek e atine ancen durung papak, iso-iso mblinggar dalan e…..
              cemlorot iku maeng iso ancen dikanggokno awakmu, iso ugo kanggo liyane…..
              uwong ki ojo gumantung pradonggo, prasangka, kroso-krasane…
              lek ora digandheng renceng karo pikir….. wah yo gak tepak rek…..
              sing ketok e muatamu iku cedhek durung mesti cedhek temenan…..
Diriku   : mbok ora usah muatamu-muatamu…..
              iyo… iyo…
Aku      : lha iyo….. mosok angger ketok moto, iku mesti cedhek…
              Langitiku ketok….. cobak unggahono mbek ondho…..
              lak dengkleh dewe dhyengkulmu…..
Diriku   : emmmm….. iyo sih…..
              Kudune kan pikir karo roso iku di rembukno, terus kesimpulane opo…
              lak ngono yo…..
Aku      : lha yo ngono….. hehehe… dungaren pinter…..
Diriku   : jiangkrik i…..
Aku      : hehehehe….. ngene ae lo wis…..
              Jan e cemlorot iku yo iso ugo pratondo…
              ning….. ora nyel-nyelan ngono, ki biasane lo yo…..
              Sak erat-erat jagat ki, lek wis mudhun petunjuk… mesti ono efek  e…
              liyane yo melok terpengaruh maksud e….. wit-witan, angin, lemah…
              kabeh wis pokok e…..
              mergo kabeh iku yo makhluk e sing gawe urip…..
              sing podho nyengkuyung keputusan-keputusan Gusti ne…..
Diriku   : iyo… yo…
              Terus… kiro-kiro awak dewe ki menyikapi ne yok opo?
              Awak dewe kan mesti ora ngertine, gejala-gejala alam sing melok nyengkuyung
              keputusan koyok ngono iku…..
Aku      : lek menurutku…..
              yo wis disawang ae cemlorot iku… dinikmati wae…
              ngko… lek jan-jan e awak dewe sing ketiban sampur,
              lak mesti ono surat keterangan lebih lanjut sing terkirim
              nang nomer omah e awak dewe tah…..
Diriku   : hehehehe iyo yo…..


“..…Cakrawala yang jauh, tampak sayup-sayup….
Ada suara… suara yang memanggil namamu,
Ada kandungan rahasia… yang merindukanmu,
Ditemani oleh sepi waktu…..

Lautan membentang… langit terang benderang,
Betapa hatinya… berselimut kesunyian,
Beku dipenantian, yang berkepanjangan,
Badannya bersimpuh hatinya terbang…..

Kekasihnya… tiada kunjung datang,
Perjalanan tiada terbayangkan,
Beribu siang… beribu… beribu malam,
Ia bersujud… bersujud memilih kesunyian…..”



ipungsweettenan@09092013

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN