nalikane ebes lagi dawuh

nalikane ebes lagi dawuh...
anak putu wayah do mirengake, ono sing langsung nulis nang nggone telepon cekel, utowo langsung mbuka’ sing jeneng e lembar kekancan karo jim piprayangan [media sosial dunia maya],,
gayeng banget midhangetne dawuh e ebes, nganthi ra kroso wayah wus mancik tengah wengi,, marai, ebes nek lagi dawuh kui sering diselipi karo guyon, sanepan, po amsal sing jan e yo ws ono ning sekitar e awak dewe, cuman kadang awak dewe ki luput ngelmuni kedadean ning sekitar kui mau…..

nalikane ebes lagi dawuh...
ebes sering ngulang-ngulangi kata utowo kalimat, yo nalikane kui ebes i jane kepingin nandhesno energi ne, maksud e, lan elmu ne,, ning okeh sing ra paham sanepan-sanepan kang di wujudne dawuh utowo praktek kui,, yo mugo-mugo luwih okeh sing ngerti dari pada sing nora…..

nalikane ebes lagi dawuh...
sering ditekani makhluk e Gusti Pengeran kang wong saiki ngarani edan utowo gendheng, tur makhluk wujud menungso kui teko yo nora suwe, paling banter salaman terus lungo….. kui yo nora okeh sing sadar nyadari, isyarat opo to kui?
Ono maneh upomo gelem namatne, sasuwene dawuh ngathi tengah wengi, parak isuk, ebes nora tau angop….. isyarat opo to kui?
upomo gelem nyawang sekitar [lingkungan], ono sing owah sajroning kono kui…..

nalikane ebes lagi dawuh...
kabeh awak koyo disiram banyu, koyo diudari kang nyrimpeti pikir, ati koyo di jembarne,,

nalikane ebes lagi dawuh...
jan e ebes opo demen nek omongane mbok tulis nyel-nyelan?
koyo’ e sih ebes luwih seneng, nalikane kata-kata utowo kalimat-kalimat sing mlebu kuping kuwi disesep disik, terus digole’i amsal ning wilayah/bidang liyo, terus ruh soko kalimat-kalimat e ebes kui dimanjingno sajroning kalimat-kalimat hasilmu mikir,,

sopo sing iso nerusne ebes dawuh nang anak putu wayah…
okeh sing paham kata-katane ebes,
ning kui kan dudu kata-katamu, dudu cara/metode mu ngungkapno sesuatu,,
lha saben wong ki mesti nduweni “kekayaan”/kemampuan dewe-dewe,, ngopo nora kui sing mbok manfaatno dadi “ujung tombak” belajar nerusno lakune ebes dawuh…..

nalikane ebes nora dawuh maneh…
awak dewe kabeh bakal tolah toleh, plonga plongo, mergo sing di nduweni masing-masing awak dewe ki nora tau diasah… nora tau diungkal… bakal kethul sak durung e wayah…..
terus gaman opo sing arep awak dewe gawe???

mulo kui nalikane ebes taksih dawuh...
ayo awak dewe ki yo belajar, belajar ngerteni awak dewe, kemampuan e sepiro? kelemahane sepiro? Yo’opo cara njangkepi/nutup kekurangane kui…..
ayo do belajar, ayo do sinau, ayo do meguru…..
 



ipungsweettenan@19082013

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN