Rebut Balung Tanpo Isi

AKU : heh... kandani a...
wis dipenging ngulon yo tambah ndlujur ngulon ae... akhire.....
kecemplung sawah kan??? kapokmu kapan.....
DIRIKU : lho ojok nyalahno aku... krosoku i, kudune lek kate mrono iku yo kudu liwat kulon.....
AKU : arek iki rek….. dikandani lak pancet ngengkel ae yo.....
aku iki wis tau mrono.....
heh dul rungokno... kupingmu iku pasangen, kuping sak ilir gak krungu bledhek...
aku menging mrono iku, mergo aku yo tau kecemplung sawah... makane wingi iku, awakmu lak tak kandani a… ojok ngulon... cek gak kecemplung sawah…..
DIRIKU : lha wis ora ono wektu maneh gawe mikir e.....
lek babakan mikir i lak ancene penggaweanmu….. wis jobdismu, lha penggaweanku yo ngrasakno…menghayati, nyawijekno terus mem-follow-up i….. ngono…..
AKU : yo iku klirumu…..
DIRIKU : lha kok iso kliru??? kliru tekok ndi?
AKU : TEKOK KALIMANTAN!!!
Kok iso tekok ndi ilo….. yo wis jelas ta…
kudune opo sing mbok roso, opo sing tak pikir, iku dirembuk disik…..
menurutmu yok opo, menurutku yok opo…. Lak ngono a juklak e…..
lha koen ora… sembarang-barang i, nyluduuuuuurrr ae…..
DIRIKU : halah… koen wingenane yo mari kencemplung sawah ngono kok…
AKU : lha makane ikuuuuuuu….. duh… koen ki ngerti opo ora sih?
kait maeng dijak ngomong jik ora nyanthol ae… tak tunjek i pisan koen ngkok…..
DIRIKU : lha yo iku…
AKU : lha ya..lha yo.. tok ae…..
DIRIKU : wis ngene ae… saiki penak e yok opo… ngono lo…..???
barang wis kadung, wis kadung kecemplung sawah…..
saiki yok opo carane tetep mrono karo klambi teles kebes ngene iki…..
AKU : ngene ae lo wis.….
Ngulon wis gak mungkin… mergo ngkok kecemplung sawah maneh…
Ngalor koyok e yo gak mungkin… mergo jembatane jik durung didandani…
Ngetan… yo jelas gak isone… mergo ngetan dalane buntu…
Kari ngidul sak jane….. tp ngidul yo gak iso…mergo ngidul segoro…
DIRIKU : lha terus??? enak e yok opo???
AKU : yoooo... alternatif dalan e yo munggah…..
masio ta rodok sengko….. gak po-po… sing penting lak sampek panggen a…..
DIRIKU : waduh…lek munggah….. aku rodok awang-awangen e…..
AKU : yo wis mudhuno nyemplung sumur kono…..
dijak usaha kok gak gelem…..
sak karep mu wis…..
gelem melok karepmu, gak gelem sak karepmu…..
DIRIKU :  jarene kudu kompaaaaakkkk…??? rembukaaaannn…???
AKU : mbuh-mbuh…..
nglinyuto banjir kono…..

[aku dan diriku selalu berbeda “pendapat”, entah sampai kapan jalan tengah atau win-win solutions itu akan ter-amin-i antara satu dengan yang lain]

ipungsweettenan@28082013

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN