Barisan

Aku    : Siaaaaappp… Graaakkk…!!!
            Istirahat Ditempaaaaattt... Graaakkk…!!!
            Jalan Ditempaaaaattt… Graaakkk…!!!
Diriku : Heh…! Heh…!
            Awakmu iku lo lapooo… lak ngono a???
            Awan-awan kok klaong-klaong, karepmu dewe ta karepe wong akeh???
Aku    : Hehehe…
            Iki lagi njajal suworo, cek e koyok komandan pasukan baris…
Diriku : Belajar yo belajar… tapi yo ndelok-ndelok rek…
            Beduk ntang-ntang ngene, bengak bengok nang njero omah,,
            Nang lapangan kono lo…..
Aku    : Lapangan ndi neeehhh…?
            Lapangan wis dadi Mall kabeh ngono kok?
Diriku : Oh iyo sih…
            Kok malih kene sing kliru...?
Aku    : Hehehehe…
Diriku : Gak e… iki lo dalam rangka opo lak ngono a?
            Gak onok udan, gak ono bledek, kok moro-moro latihan dadi komandan baris?
            Opo tah kate melok lomba baris berbaris?
            Opo tah kate melok dadi PASKIBRA?
Aku    : Hehehehe… yo ora yoan…
            Mbuh kok moro-moro kepikiran dadi komandan baris, lek tak delok-delok,
            Kok penak temen dadi komandan baris, gawene ngongkoooonn tok…
            “maju jalan”, “jalan ditempat”, “hormat”,,
            Tur… sing dikongkon yo gelem….. lak nggarai nggumun a…
Diriku : Lhah…
            Lha tugas e komandan lak yo ancene ngono iku a?
Aku    : Lha umpomo, aku dadi pasukane,,
            Lek tak pikir, uwong kan duwe hak dewe-dewe, lak sak karepku tah,
            Bah aku katene maju, katene siap, katene hormat, lak sak karepku tah?
Diriku : Lha koyok ngono iku sing nggarai ora gak sip,,
Aku    : Lha kok iso nggak sip?
Diriku : Jenenge ae BARIS,
            Baris iku yo ono aturane,, baris iku ancen sengojo ditoto cek e apik, rapi,,
            Lek e rapi lak indah, elok,, lek disawang iso nyenengno,
            mergo indah e iku maeng,,
            Sak ngertiku, aba-aba baris iku ono 2; 1 aba-aba gerakan utowo keterangan,
            Sing nomer 2 aba-aba perintah,,
            Contone; MAJU JALAN,,
            MAJU iku aba-aba gerakan,
            JALAN iku aba-aba gerakan e ndang dimulai utowo dilaksanakan,,
            Wis… ngerti a?
Aku    : Ooo ngono..…
            Meh koyok wong sembahyang yo?
            Lha tapi… sing ngongkon dek e dadi komandan ki sopo yoan?
            Sak jane kabeh lak yo iso dan duwe kemungkinan,
            atasane dadi ngongkan ngongkon tok ae?
Diriku : Yo meh koyok pas sembahyang, gerakan ora oleh ndisik i aba-aba perintah,,
            Komandan e durung mingkem, wis mlaku…..
            Lha lek ngono opo gunane ono komandan?
            Lha sing nunjuk sopo?
            Lha lek baris, iku biasane kesepakatan,,
            Sopo sing cakap mimpin, yo iku e sing dipilih,,
            Sing nentokno iso teko kesepakatan pasukan, utowo teko pimpinan
            sing tanggung jawab nang kono,,
Aku    : Emmm… wong sembahyang koyok e yo ngono ya…..
            Sing dadi imam kesepakatan jamaah e, utowo lek gak ono, takmir e sing nunjuk,,
            Tapi ngene…
            Kadang ono komandan sing gak tepak,,
            Ngekek i aba-aba ndadak, tur ngono suwarane fales… hehehe…..
Diriku : Lha makane iku… komandan iku dipilih sing cakap, sing mumpuni,,
            Lha lek ancene wis kepilih dadi komandan, iku yo ora oleh sak penak e dewe,
            Sak karepe dewe,, kudu amanah nang tugas sing didapukno nang dewek e,,
            Luwih apik maneh lek nglaksanakno amanah e iku kanthi ASMARADHANA,
            Penuh cinta kasih utowo MAHABBAH, lek istilah e wong ngarab kono,,
Aku    : Kok kathik Asmaradhana barang, koyok Macapatan ae hehehehe…
Diriku : Lek e wong Jowo yo ancen ngono iku, urip lan panguripane nduwe tuntunan
            tambahan,, nduwe Kur’an, Kadis terus dijangkepi karo Serat, Suluk, Wirid
            lan liyo liyane, sing umume ditulis nggawe Macapat,,
            Baris iku laky o minangka koyok urip a?
            Ono aturan, ono sing ngatur, ono sing ngelaksanakno,,
Aku    : Lha tapi, saben uwong kan duwe dalan dewe-dewe, duwe karep dewe-dewe,,
            Lha lek baris??? Gak iso,,
            Aku karep e siap, komandan e ngongkon jalan ditempat?
Diriku : Duh… angelmen ngomong karo gentho…
            Ngene ae lo wis… lek ancen duwe karep dewe… yo wis penak ae…
            Metu o teko barisan, baris-bariso dewe, utowo nggaweo barisan dewe…
            Wayah e Magrib,
            Bah awakmu petang rokaat, limang rokaat, sak karep-karepmu wis…..
Aku    : Hehehe… yo ora ngono boss…
            Urip kan iku kan iso milihan…
Diriku : Lha iyo…
            Urip iku pilihane mek 2; manut opo gak manut?
            Milih ireng opo putih? Ngiwo opo nengen? Nangis opo ngguyu?
Aku    : Emmm…
            Iyo sih…
            Malih iling urip sing muter,, koyok Macapat Pucung; Pocong,,
            Pas lahir, bayine nangis, sing nunggoni gembira, ngguya ngguyu,,
            Pas Mati, Mayit e bahagia bakat ketemu Gustine, lha sing nunggoni ganti
            tangis-tangisan,,
Diriku : Upomo diibaratno, sak jok e Bopo Adam,,
            Wis dikenalno baris, tapi berhubung dalan jik sepi, aba-abane mek maju jalan,,
            Bareng suwene suwe, dalan wis digawe, menggak menggok, munggah mudun,,
            Soyo suwe aba-abane dijangkepi nganti koyok saiki,,
Aku    : Iyo… yo… bener…
Diriku : Tapi yo ojok dibayangno Bopo Adam iku ancen baris;
            Jalan ditempat, istirahat ditempat lan sak teruse,, iku maeng tembung ibarat e
            utowo Analogine,,
Aku    : Iyo iyo…!!!
            Masio kene ki bodo, tapi kan ora pinter…
Diriku : Yo ancene…
Aku    : Hahahahahassyuuuu…..
Diriku : Wis a? ngerti?
Aku    : Sip… ayas wis ngerti
Diriku : Dadi,
            Ojok nggrundeli lan ngriwuk i komandan barisanmu,
            Jan-jane umpomo awak e dewe diserah i amanah tugas dadi komandan, durung
            mesti awak e iki iso ngemban tanggung jawab sing disandangno bebarengan
            karo amanah iku maeng,,
Aku    : Umpomo… iki tembung umpamane…
            Lek ditimbang, iku sing abot dadi pasukan opo dadi komandan?
Diriku : Abot sing ndi?
            Yo abot kabeh…
Aku    : Kok iso?
Diriku : Dadi komandan sing apik, iku abot,,
            Dadi pasukan sing apik iku yo abot,,
            Yo ancene ora iso didu abot sing ndi, wong duwe tanggung jawab lan hak dewe-
            dewe,,
Aku    : Wadah… iyo yo…
Diriku : Wis a? yo opo?
            Kate latihan baris maneh?
            Mumpung ono bareng e iko lo…
Aku    : Ndi? Bareng karo sopo?
Diriku : iko lo, bareng o arek TPQ budal ngaji….. hehehehe
Aku    : Wahahahaha… telek…
            Aku iki ngkok lak disurak i karo arek-arek licek iko…
            “heh… ono wong gendeng… ono wong gendeng…”
Diriku : Lha ancene awakmu gendeng kok…..
Aku    : Halah… yo ora aku tok sing gendeng… awakmu yo gendeng…
Diriku : Lha kok iso?
Aku    : lha koncoan karo wong gendeng?
            Opo yo ora wong sing podo gendeng e sing koncoan karo wong gendeng?
Diriku : Halah… yo ora aku tok sing gendeng…
Aku    : Lha sopo neh sing gendeng?
Diriku : Yo sing moco iki pisan…
            Tulisane wong gendeng kok diwoco,, opo ora luwih nemen gendeng e…..


ipungsweettenan@23072015


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN