Fikirkan dengan Hati

Mereka masih saja terlihat akrab, padahal mereka berdua selalu dekat,,

Aku    : Mas Brow, akhir-akhir iki aku kok rodok ngelu yo…
Diriku : lek ngelu… yo kono ndang nguntil pal…
Aku    : kok nguntil pal sih…??? Nguntal Pil nyooo…!!!
Diriku : hehehe… lha iyo… maksudku yo nguntal pil iku…
Aku    : iki guduk perkoro ndas ngelu utowo sakit kepala, aku sedang memikirkan
            sesuatu,,
Diriku : hahaha… kelincipen cucukmu, kok nggawe boso Indonesia barang…
            iku ngko lambemu lak mesti kliru-kliru omong,, nggawe boso jowo ae lo…..
Aku    : ngene lo…..
            Aku kok rodok bingung antarane ati lan pikiran,,
            emmm….. bingung e perkoro…
            ndi disik sing nyambut gawe, lan sing kudu dadi acuan utama tembe mburine?
Diriku : Lhaaa…
            Bener.. bener…. Jan bener… ukoro iku ancen kudu dionceki,,
            lek durung ngerti ancen kudu ditakokno nang sing ngerti,
            supoyo nggak kesasar utowo kebingungan,, makane, kudu ditakokno
            nang sing luwih paham…
Aku    : lha makane iku… aku takon supoyo aku iki oleh pangerten,, cek gak kesasar
            lan kebingungan ,,
            terus….. penjelasane yok opo?
Diriku : lhah…..???
            Kok malah takon mrene???
            Kono lo takono nang sing luwih paham….. mbok kiro kene iki ngerti???
            Babar blas gak paham…
Aku    : Ooo… jiamput…
            Nguwomongmu maeng ngalooor ngidul… tak kiro lak ngerti a… lha kok BLAS…..
            Tapi…..
            sak nggak-nggak e lak yo nduwe pendapat a, tentang iku maeng…..
Diriku : lek mek pendapat ae, kabeh uwong yo nduwe…
Aku    : lhaaa… yo iku ae sing digawe bahan nggedabyah bengi iki…
            sopo ngerti awak dewe wong 2 iki, iso tersesat bareng-bareng… hahaha
Diriku : Wooo… dasar Gentho…
            tersesat kok tambah seneng…..
Aku    : Lha lek e tersesat dijalan yang benar???
Diriku : hehehe….. iyo sih… bener… bener…..
            Bener-bener iso melok edan lek aku nuruti awakmu… hahaha
Aku    : wis talah… yoopo udal-udale ukoro iku maeng?
Diriku : emmm…
            Intine iku maeng lak ono rong pertanyaan,,
            sing pertama disik ndi? Sing nyambut gawe iku ati disik? Utowo pikiran disik?
            sing kedua, ndi sing utama?  
Aku    : iyo bener…
Diriku : iki jareku lo yo… ora jarene buku…..
            Tak jawab sing kedua disik, mumpung jik iling,,
            Ati-Pikiran, sing ndi sing utama?
            Menungso iku lengkap, ora mergo lengkap karepe dewe, tapi mergo dilengkapi,,
            Lek tembung dilengkapi, iku berarti ono “oknum” sing melengkapinya utowo
            “oknum” sing nggarakno menungso iku dadi lengkap,,
            Selain hardware, koyok to; sikil, tangan, awak, sirah lan sak pinunggale, ugo
            dilengkapi karo sing jenenge software, koyok to; alat pengindra, pikiran, ati lan sak
            liyo liyane,,
            umpomo diibaratno, antarane ati lan pikiran,, pikiran iku Perdana Menteri, ati iku
            Panditane,, Perdana Menteri iku duwe rencana, strategi lan liyo liyane,, lha iku
            maeng diobrolno karo Panditane, supoyo oleh nasehat utowo ono pertimbangan,,
Aku    : emmm…
            Iku umpomo diibaratno koyok Perdana Menteri karo Pandito ya?,,
            tapi kok Pandito? Iku lek gak salah lak pemuka agama… opo yo…..???
Diriku : ora koyok ngono… Pandito iku asal e soko tembung Pinandito,, Pinandito iku
            tataran utowo hasil pencapaian,, Pinandito iku artine wong sing memiliki
            pemahaman atas keluasan ilmu,, nek nang jaman modern iki, yo digawe sebutan
            pemuka agama; Pendeta, Pandito,, sak jane, Pandito iku yo sebutan sing umum
            gawe ngarani wong sing pinter lan bijaksana,,
Aku   : oalah… ngono ta maksute…
           Emmm…..
           lha terus, lek ono Perdana Menteri, Pandito,, lha Rajane sopo?
Diriku : Rajane yo kehendak,,
            Kehendak iku yo ancen koyok ibarate Raja,, koyok Boss, karep ngene…
            karep ngono…
Aku    : lhoh… kehendak iku opo guduk tekok ati?
Diriku : lek menurutku ora,, guduk ati,,
            Rajane sing jeneng e kehendak iku memang bentuke abstrak, ora jelas,,
            mergo Raja sing jenenge kehendak iku teko hasil kawin silang
            antara Pandito karo Perdana Menteri,,
            Makane ono sebutan hati kecil, iku sing Pandito iko maeng,, lha lek e kehendak,
            yo hasil kawin silang iku maeng,, meskipun jan-jane kawin silang iku maeng
            ono campur tangane “oknum” ke3,, tapi iku ngkok ae kapan-kapan tak critani
Aku    : Ooo… iyo… iyo… ngono yo…..
            Lha terus…
            antara Perdana Menteri karo Pandito iku maeng, sing utama sing ndi?
Diriku : Perdana Menteri nyandang gelar sing utama???
            Gak iso, mergo dek e mek nglakokno tugas sing dipangestoni Raja kok,,
            masio rencanane apik, tapi lek gak dikongkon budal karo Raja, yo ora budal…..
            ugo ngono, jik kudu njaluk pertimbangan/nasehat disik… dadi jik ora iso lek
            Perdana Menteri diarani sing utama…
            Pandito sing utama?
            Tambah gak iso,
            wong dek e tugas e mek ngekeki pertimbangan utowo nasehat kok…
            iku ae lek dijaluk i….. lek gak dijaluki?
            Yo Panditone gak nyambut gawe…
Aku    : berarti sing utama Raja ya?
Diriku : hehehe…
           yo guduk yoan…
Aku    : lhadalaaahhh…???
            Lha terus sing utama sopo?
Diriku : lek menurutku yo gak ono sing utama,,
            mergo kabeh duwe peran dewe-dewe, duwe tugas dewe-dewe…..
            kabeh podo butuhe,,
            Raja butuh Perdana Menteri, lan Pandito,,
            lek ono Raja tapi gak duwe Pandito lan Perdana Menteri…
            mendahe…
            Rajane lak repot dewe koyok wong duwe gawe gak ono sing sinoman?
   
            masio Perdana Menteri yo butuh Pandito lan Raja,,
            lha lek Perdana Menteri gak duwe Raja? Lha kate nglakoni perintahe sopo?
            lak malih koyok supir mikrolet ndek bali,, njanggol, ngenteni penumpang…
            pas nyepi…..
            suwepiiiii….. mbok ngenteni sinambi gembotan ngantek khatam,
            ora bakal oleh penumpang…..
   
            lha Pandito dewe yo butuh Raja… butuh Perdana Menteri…
            artine, yo butuh ono sing dinasehati, butuh ono sing dikek i pertimbangan,,
            lha opo kate tutur-tutur nang awak e dewe???
            Ibarate ono dosen nggawe-nggawe makalah dewe, dipresentasikno dewe,
            bijine yo oleh e mbiji dewe…..
Aku    : hahahahaha…..
            Ngono iku arane GPK, Gentho Paling Kucluk sak ndunyo hehehehe
Diriku : lha makne iku…
            Kabeh duwe posisi, duwe fungsi lan podo duwe tanggungjawab,,
Aku    : hehehe… iyo sih…
            kabeh duwe hak lan kewajiban dewe-dewe
            Lha saiki… disik ndi ati karo pikiran?
            Pandito karo Perdana Menteri iku disik ndi nyambut gawene?
Diriku : Ati,, ati iku panggonane nang tengah, meskipun kadang yo gak nengah-nengah
            nemen,, pokoke ndek tengah lah… lek atine ban sepeda, diarani AS,, nang nggen
            liyane ono sing njenengi INTI,, ono inti bumi, inti-sari lan liyo liyane,,
            Ati/Pandito – Pikiran/Perdana Menteri,,
            lha berhubung iki guduk balapan… yo ora usah disik-disikan…
            ngono ae kok repot
Aku   : Ooo… telek…
           Tiwas tak rungokno temenanan…..
Diriku : hehehe…
            lha aku opo yo ora blangkemen? Ngomong sakmono dawane e…..
            kono penak karek nyenggak i tok…?
Aku    : oalah… lha kene ki ancene kepingin paham e…
            ngkok lek omongane disela, jarene gak ngregani…..
            iki ws untung-untungan kene gelem ngrungono…..
            timbang tak tinggal turu? Apane lak malih koyok turu karo
            ngrungokno radio…
            hahahahaha
Diriku : Ooo… dasar Wedul Gimbas…
Aku    : Wedus Gimbal nyooooo…!!!
Diriku : lha iyo… maksudku yo ngono…
Aku    : hehehe… yo… masio ora bener, tapi sing disik iku kiro-kirone sing ndi ngono lo…
Diriku : lek menurutku yo ora mesti,,
            kadang disik pikiran, kadang yo disik ati…
            ora iso dipastekno, sing ndi sing mesti ndisiki… sing ndi sing mesti ngareni…
            lek pemahamanku, posisioning iku iso digawe ukuran simbologi…
            lek pikiran sing manjing nang utek, iku pralambange; ketinggian dan
            keluasan ilmu,,
            lek e ati, iku simbolisasi kedalaman ilmu,,

            dadi,
            sak duwur-duwur e ilmu lan sak luas-luase ilmu sing dicapai,, lek gak dilambari
            kedalaman ilmu… gak bakal iso kanggo,, lek jare wong Jowo, ora Manpangat
Aku   : emmm…
           dadi masio silat e tingkat tinggi, juruse wis akeh,, gak jaminan iso sakti yo?
Diriku : emmm…
            yo kenek digawe analogi ngono,,
            paling yo jik tetep sakti, tapi akeh sing mungsuhi,,
            akeh sing ora seneng lan sak teruse,,
            tapi iku maeng kabeh kan menurutku…..
            salah opo bener, aku dewe yo ora paham…
Aku   : lhah???
            Hehehehehe…..
            Aku maeng jan-jane cuman pingin golek konco ngelu kok…
            Lha lek ngene iki sing ngelu lak malih wong 2 a? hehehe
Diriku : Oalah jan asyuuu nggawe Syin…
Aku    : Dasar Gentho…
            Asu iku nggawe Sin, ora nggawe Syin…
            Wiiisss… gak tepas blak…
Diriku : gak Tepak Blas nyooooo…!!!
Aku    : kok aku malih ketularan???


ipungsweettenan@20150609


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN