Muhammad Wong Jawa Deles

Aku    : Heh… Akhir iki, lek tak sawang-sawang, akeh informasi sing ora jelas,,
            malah terkadang, informasine iku cenderung menyesatkan…
Diriku : Yo lek wes ngerti koyok ngono iku kahanane, yo wis ora usah diwoco,,
            Moco sing liyane ae… wacanan sing nggenah-nggenah,,
Aku    : Tapi ngono iku lek dijar-jarno iso mengganggu Stabilitas Nasional loh…
Diriku : Iyo… iyo….. ngerti,
            tapi Stabilitas Nasional iku uduk kewajibane wong koyok awak e iki,,
            sing duwe kewajiban lan kebijakan lak yo sing gaweane merintah iko ta?
Aku    : Iyo sih…
            Awake dewe iki ora duwe kuoso ngatur-ngatur, ngandan-ngandani…
            Lha tapi sing dibayar gawe nglaksanakno tugas iku yo ngglembosi kabeh ngono?
            Wissss… jan gak tepak blas…..
Diriku : Wis jarno ae lah…..
            ngkok lek wis wayah e malih lak yo malih-malih dewe a…..
Aku    : Lha tapi, kadang iku aku rodok gregeten e…
            Informasi-informasi iku ono sing disrempet-srempetno nang sing
            mambu-mambu SARA,, jan e aku ora masalah lek informasine, efek e
            iku loh….. konco kancaku podo ngobrolno masalah informasi sing gak
            jelas koyok ngono iku,, sing kudune mikirno yok opo carane
            meningkatkan kualitas hidup; yok opo carane nyambut gawe sing genah,
            sing ws rabi, yok opo carane nyinauni anak e, golek rejeki sing halal sak
            terus e lah…
            koyok-koyok e malah sedang dialihkan utowo diarahno pola mikir e…
            ojok-ojok iki ancen disekenario…..
Diriku : Hehehehe…
            Lha wis ngerti ngono kok… lha laopo kok kathik di bahas maneh?
            Sing wis dingerteni, wis dipahami, ora usah dibahas maneh,,
            mundak tambah ruwet… hehehehe…..
Aku    : Saiki ngene wis…
            Informasi sing wingen-wingenane santer beredar, yo meskipun iku mek
            Judul dan isine mek dugaan-dugaan…
            Nabi Muhammad SAW iku Wong Jawa
            Menurutmu yok opo harah???
Diriku : hehehehe…
            Lha menurut pikiranmu yo opo lo?
Aku    : Lek menurutku yo Wong Arab,,
            Lha lahir, urip lan meninggale ae nang Arab,,
Diriku : Lha iyo… wis jelas ngono kok…
            Nabi Muhammad SAW ngendikane nggawe basa Jawa opo Arab?
            Arab kan? Lha ngono kok bingung…..
Aku    : Iyo sh…
            Tapi ngene… lek menurut tulisan-tulisan iku,,
            Cirine Nabi Muhammad SAW iku memper-memper Wong Jawa,,
            Bahkan luwih cocok lek Nabi Muhammad SAW iku disebut Wong Jawa
Diriku : Lha wong jik mirip ae lo…
            Iling Pak Darsono?
            Basa arab yo iso, emang e lek isa basa Arab iku wong Arab?
            Lek sekedar tau numpak unto, opo isa disebut wong Arab?
            Lek sekedar mirip, iku akeh tunggal e…..
Aku    : hehehe iyo sih…
            Berarti Nabi Muhammad SAW iku uduk Wong Jawa ya?
Diriku : lek jareku ya Wong Jawa,,
Aku    : Lhoh yo opo sih???
            Maeng jarene lek mek mirip tok iku durung mesti,,
            Merga lahir, urip lan meninggale ae nang Arab, basane yo basa Arab,,
            Lha saiki kok tambah meguhno Nabi Muhammad SAW iku Wong Jawa?
            Sing nggenah talah…
Diriku : Ojok maneh Nabi Muhammad SAW,,
            Lek jareku kabeh Nabi iku Wong Jawa, mulai Nabi Adam As sampek
            124 ewu para Nabi, lan dipungkasi Nabi Muhammad SAW,
            iku Wong Jawa kabeh…..
Aku    : Jiamput…
            ngelu aku…
            Maksudmu yo opo sih?
Diriku : Lha salahmu dewe, kok kathik ngrembuk masalah Jawa barang,,
            Lha lek saiki ngelu, yo salahmu dewe.....
Aku    : Haduh…..
            Saiki ngene wis…
            Ojok Nabi Adam opo Nabi sopo ngono… kadohan,, Nabi sing terakhir ae wis…
            Lek e Nabi Muhammad SAW iku wong Jawa,, Jawa sing ndi?
            Jawa Timur, Jawa Tengah… opo Jawa Barat?
Diriku : hehehehe…..
            Yo iki lo…
            nguncal-nguncalno wacana dewe, saiki ngelu-ngelu karepe dewe,,
            ngono jik ora paham…..
Aku    : lho lha iyo…
            Yo opo maksude?
            Ojok nambah-nambahi ngelu ndasku lo…..
Diriku : Hehehehe…
            Lha awakmu iku mek sadermo weruh tok ae wis umuk,,
            Kabeh yo kudu dingerteni,,
            Pahammu tentang Jawa mek teritorial e tok ae wis kathik polah-polah
            ngrembuk Jawa barang,,
            Lek aku melok i pemikiranmu; Jawa Timur, Jawa Tengah, Jawa Barat,,
            Nabi Muhammad SAW jelas uduk Wong Jawa,,
            Lek sak ngertiku, Jawa iku Artine Paham,,
            Ateges wis khatam lan wis nglakoni opo sing dipahami, sekaligus wis
            menjiwai,,
            Lha opo sing wis dipahami? Hingga isa disebut Wong Jawa?
            Yo kabeh; bab urip, urip sak njerone urip, urip sajroning mati,,
            Bab mati, mati sajroning urip lan bab mati sajroning mati,,
            wis khatam kabeh,,
Aku    : Lhadalaaahhh…
            Ternyata ngono ta maksude…
            Aku kok gak kepikiran blas yo…
Diriku : Hehehehe…
            Lha lek saiki…
            Nang tulisan iku lak disebutno;
            Nabi Muhammad SAW iku seneng topo/khalwat,
            lek mlaku koyok wong mudun gunung, menunduk, dst…
            lha lek…
Aku    : sik… sik…
            Kok ngerti ciri-ciri iku?
            Iku lak onok e mek nang wacanan sing nang internet-internet iku tah?
Diriku : lha prasamu opo kene ki yo ora moco?
            Yo tak woco, tapi yo tak pahami disik…
            Wis cobak tak pahami, terus….. yo wis… meneng ae,,
            Kari ngenteni awakmu, biasane awakmu lak takoooon ae…
            durung dipahami wis takone ae sing didisikno… utekmu ora kanggo,,
            hahahahaha…..
Aku    : hadah… wis emboh…
            Terusno omongan sing tak pedot iko maeng wis…
Diriku : Hehehehe…
            Lha iyo, lha lek saiki…
            Koyok sing disebutno nang tulisan-tulisan iku,,
            Topo, mlakune nunduk lan sak terus e iku, umpomo di gathukno karo
            Wong Jawa sing saiki opo yo cocok???
            Iku lek nggawe pola pikir cirilogi Etnis Jawa,, opo jik cocok?
            Blas gak memper…
            lek Etnis utowo Wong Jawa sing mbiyen, ancen cocok…
            ancen ngono iku Wong Etnis Jawa iku,,
            lha saiki keluhuran cirilogi Etnis Jawa iku wis ganti Barat kok…
            saiki mosok ono Wong topo? Ono o paling iso diitung
            saiki opo jih ono sing nglakoni ngurangi mangan?
            Opo jih ono sing betah melek?
            Lek melek dugem uakeh tunggal e… tapi sing melek laku?
            Gak onok… paling ono yo iso diitung iku maeng….
            Makane, lek kate ngrembuk bab Jawa ojok mek kulite tok,
            Ngko tambah kesasar, tambah kliru kabeh…
Aku   : Wadah… iyo yo…
           Wong koyok aku dewe ae, yo ora betah luwe…
            Melek bengi yo ora kuat lek gak disurung kopi, iku ae yo ora melek laku
            melek main gaple… hehehehe…
            duh… aku iki ternyata yo ora pathi Jawa…
Diriku : Makane, tau krungu “Wong Jawa ilang Jawane?”
            Iku maksud e, Wong sing wis Paham Ilang Pemahamane,, mergane opo?
            Mergo akeh kulak an tekan negoro Barat,,
            Lha wong Barat iku asline mlarat, budaya ora duwe, laku, tirakat
            yo ora tau,, lha ngono kok diconto???
            Ngomong yo sok keminggris, basa Inggris iku lahir e jik
            wingenane sore… lha basa Jawa?
Aku    : iyo ws… ngerti aku…
Diriku : Saiki aku ganti sing takon
            Hehehehe…
Aku    : Lhah???
            Lha kate takon opo???
Diriku : Nabi Adam As Wong Jawa opo uduk?
Aku    : hehehehe… Wong Jawa…
Diriku : Nabi Musa As?
Aku    : Wong Jawa… hehehe
Diriku : Lek e..... Nabi Isa As?
Aku    : Wong Jawa…
Diriku : Nabi Muhammad SAW? Wong Jawa opo uduk?
Aku    : Wong Jawa nemen hehehe…
Diriku : Lha lek awakmu?
Aku    : Wong sing durung Jawa…
Diriku : Hahahahahaha…..


ipungsweettenan@24072015


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Mati

PENGETAHUAN KARAWITAN